Langsung ke konten utama

Rangkuman Novel "Relung-relung Gelap Hati Sisi"

Sekilas, dapat ditarik bahwa dari judul yang dihadirkan akan ditemui karakter berbeda dalam diri seseorang. Setiap orang memiliki rahasia di balik karakter yang terlihat. Salah satu ketertarikan saya memilih novel tersebut sebagai bacaan karena tidak sengaja menonton televisi dengan tayangan sosok inspiratif yang berprofesi sebagai dokter, tetapi memiliki segudang karya kepenulisan cerita fiksi, yaitu novel. Beliau adalah Mira W. Novel berjudul Relung-relung Gelap Hati Sisi yang saya baca ini diterbitkan pada tahun 2009 dengan 275 halaman yang saya beli di Pasar Buku Wilis, Malang pada bulan-bulan akhir di tahun 2015. Saya menemukan buku catatan saya yang berisi rangkaian ringkasan buku dan rasanya sayang jika tidak diabadikan di blog saya. Setiap karangan memiliki nyawa, menimbulkan emosi, rasa penasaran beserta jawabannya. Inilah sekilas rangkuman novel karya Mira W. dengan judul Relung-relung Gelap Hati Sisi.             Seorang ...

Bejo lan Tono (BeNo) 1

Suwara manuk sesautan ana ing wit-witan ijo royo-royo sing mubengi jero kampus. Kupu-kupu jemujulan nguteri kembang aneka warna. Bocah-bocah gemberudul nyangking tas lan buku sing dikempit ing lengene uga mlaku kang cumepet. Sawise pakuliahan isuk mari, bocah-bocah padha gemberuduk metu. Ana sing menyang mesjid, kantin, perpus, lan sapanunggalane.

Salah siji panggonan sing rame sing demodolan aneka werna jajanan, uga dibeki para muda-mudi ing wayah srengenge panas-panase. Dheweke padha ngantri pesen salah siji panganan sing dikarepake kanggo ngisi weteng, kayata: soto, bakso, gado-gado, lan pecel. Ora katinggalan uga ombe kanggo nyegerake kerongkongan, kayata: es teh, es jeruk, es setrup, lan saliyane. Para muda-mudi kadelok padha leluwe, amarga mari mikir/sinau ing kelase kang dipimpin kalian Bapak lan Ibu dosen. Katambahan, panggone srengenge pas menthor-menthore ing nduwur sirah, nggarakake awak dadi sumuk. Nambahi kalengkapane nasib, yaiku wis luwe, sumuk pisan.

Saka kadohan, ana wong bagus cilik dhuwur marani wong wedhok ayu nggawe kerudung werna biru dongker.
       "Heh, sliramu kok dhewe, ora karo kancamu tho Sit?" sapa Bejo.
       "Ora Jo, kanca-kancaku uga budal menyang mesjid. Aku sir melu, tapi wetengku ra kena diajak kompromi." Siti mangsuli.
       "Lha sing cedek karo awakmu kae, ning ndi irunge? Aku kok jarang pethuk gandheng karo sliramu, Sit."
       "Tono tha? Dheweke wis ora karo aku Jo, tapi karo Sari." Siti nimpali.
       "Kepriye tha kepriye, kok isa lho Sit? Sliramu iku ayu, apikan, kok ya Tono isa ninggalake Sliramu. Beh beh, jan rugi temenan si Tono kuwi."
       "Awakmu ki ngomong opo tho Jo. Aku ayu teka ngendi coba? Rumangsaku ya biyasa ae. Aku maleh mumbul lho Jo."

Sautara iku, Bejo nggoleki Tono, arep dilabrak.
       "Ton!" bengak Bejo saka kadohan.
       "Kaya ana sing nyeluk jenengku ya." takon Tono ing njero ati bebarengan karo ngangkat alise siji.
       "He Ton mandeka! Aku sir omong-omongan wong loro karo awakmu!"
       "Yo Jo, ning ngendi?"
       "Ning gazebo ngisor wit ringin kae."

Wong loro bebarengan tumuju paggonan sing ditentukake. Ing njero ati, Bejo tansah kudu emosi, senajan Tono uga bingung ngadepi tingkahe Bejo.
       "Langsung wae ya Ton, awakmu nyapa isa mutusne Siti? Padahal Siti kuwi Bocahe apik tur sumeh."
       "Ngene yo Jo, aku ki gregeten karo Siti, slirane kui ora nduweni kepastian sing dakgoleki, slirane isih akeh kekarepan sing pingin direngkuh lan kayane impene radha dhuwur, aku ra iso madani. Mengo kepriye yen wis rabi bayarae luwih akeh teka aku? Kan yo isin Jooo. Aku ya salah pisan Jo, aku keplese seneng ambek Sari, soale Sari nduweni apa sing dakkarepake. Awakmu ya ngertiya thithik tha Jo anggene posisiku."
       "Wo ngono tha Ton, sepurane ya. Ton aku mikir sing ora-ora marang sliramu. Nanging aku ya radha anyel pisan"
       "Iyo Jo, padha-padha, ora papa. Aku dhewe yo rumangsa salah, tapi kepriye maneh kudu dakadepi dalan sing dakpilih."
       "Aku oleh curhat ra Ton?"
       "Ora oleh Jo."
       "Lhoh kenapa?"
       "Aku ngelak, ayo tuku ngombe sik. Woiyo, kelasmu uwes mari tha?"
       "Uwes Ton, ayo golek ngombe ning njaba, mesisan nglanjutake omong-omongan."
       "Yoooh.."

Motor di gas lan loro pamuda tumuju menyang panggonan sing nduweni aneka es sing bisa nyegerake kerongkongan. Ora let suwi, wong loro mandek ing salah sijine warung es buah.
       "Nuwun sewu Buk, kula lan rencang kula nyuwun es buah kaleh nggih Buk?"
       "Iya le, lingguha kene, dakjupukke rong mangkok es buah sing sueger ya le."
       "Nggih Buk, matur suwun." Joko lan Tono bebarengan mangsuli.

Sautara ngenteni tekane es buah, Tono nyenggal lengene Bejo.
       "Jo, jaremu mau arep curhat, ayo ndang dakrungakake!"
       "Ngene Ton, asline aku iki mau arep njaluk tulung. Aku butuh keikhlasanmu Ton. Kira-kira sliramu ikhlas apa ora?"
       "Sik-sik Jo, ikhlas apa tha iki? Lek awakmu ngongkon aku ngikhlasne Sari kanggo awakmu, ya wegah tha Joo Joo."
       "Abot iki Ton, tapi aku yakin sliramu kuat."
       "Jooo, aja kesuwen tha yen cerita iku."
       "Ngene Jon, aku sesuk arep sidang skripsi. Sawise sidang skripsi, aku njaluk tulung potokna yaaaa."
       "Edian arek iki. Aku wis mikir jeru, jawabe malah cethek. Ya ora apa-apa Jo, aku siap moto awakmu."
       "Sik rung mari Jo, aku sir dipoto nganggo kamera SLR, golekna yaa."
       "Ediaaaannn...."
       "Lhoh jaremu siap Ton. Sliramu mengko dakwenehi hadiah lho."
       "Tenanan Jon?? Siaaap lak kaya mengkono."
       "Sip Ton" Ing njero atine Bejo, Tono bakal dihadiahi permen Yupi bentuk ati werna abang nom.

Sabanjure iku, es buah teka lan disemanggakake dening Buk Tutik.
       "Iki ngger thole, es buah sing sueger mantab surantab kanggo loro jaka sing ngguanteng tenan."
       "Suwun Buk Tuuut."
       "Jo, lek daksawang-sawang, sliramu ana rasa karo Siti. Apa bener?"
       "Yawis tak jujur ya Ton. Asline sliraku susah banget wayah ngerti awakmu karo Siti. Ananging aku ikhlas, amarga sliramu lan Siti kalebu kancaku sing apikan banget. Dadi ya rasa iki mung sadermo dakpendem jeru-jeru."
       "Nanging kan aku uwis pisah saiki Jo. Aku nduwe siji rahasia Jo, asline Siti kuwi seneng karo....."
       "Karo sapa????"
       "Karo....."
       "Wooo pengen dakjotos ya!"
       "Karo wong lanang."
       "Tooon toon, sliramu iku gawe guyon tha. Kabeh wong wadon lakya senenge karo wong lanang."
       "Entenana sik tha Jo. Wong lanang kuwi yaiku....."
       "Sapa Ton?"
       "Yaikuu...."
       "Ton, sliramu pengen dakklethak tha?"
       "Yaiku wong sing bakalan S2 lan sak panggonan karo Siti. Siti ae urung eruh yen wong lanang iku sapa."
       "Yawis Ton, wong lanang kuwi aku."
       "Kok iso lho Jo?"
       "Aku arep nututi Siti. Aja kandha-kandha ya."
       "Tak amini wis. Nanging, yen sliramu dudu jodone, aja gela ya."
       "Iyo Ton, paling sawise iku aku nguber Sari."
       "Apaaa?????"

Sabanjure iku, Bejo mlayu menyang njaba lan ngomong saka kadohan yen dheweke mulih dhisik.
"Tooon... Bayarana esku yaaa.. Suwuun lan aja lali yen sesuk sidangku tekaa yaa.."
"Woooo... pancene bocah edian kancaku iki. Entenana Jo, sesuk bakal dakwenehi hadiah!"

cerita bersambung...

Komentar

  1. Nitip sandal dulu karena pas ceritanya lagi seru malah muncul: Cerbung 😭😂

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Rangkuman Novel "Robert Anak Surapati"

Bagaimana rasanya apabila Anda berada dalam kondisi membingungkan ketika harus memilih satu di antara dua pilihan negara yang menjadi asal dari orangtua Anda? Pilihan ini sangat berarti bagi salah satu negara untuk melanjutkan misinya. Di sinilah letak putusan dan kebijaksanaan diambil. Terombang-ambing dalam kebimbangan penuh luka mewarnai sebuah cerita berjudul Robert Anak Surapati. Dilahirkan dari ibu berkenegaraan Belanda dan ayah dari Indonesia. Selamat membaca! Semoga bermanfaat! sumber: https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgtuOT1GARbrkUv-0wGtnLiBXoq8xnr-lfa2OLSj_d9ECQEhbaCtf3mMY4XlupTFhyQ6WdrMVJMlwokcWOlvx9qwz0miJmcjrNyLUz2Ftcml1x0BqSGVc7JlpvF-9LBNkgOLWr4I19t33R1/s1600/robert+imbas.jpg Dikisahkan suatu ketika seorang perempuan merasai kesakitan atas kondisi yang dialaminya. Membawa anak nan masih kecil di sebuah kapal yang akan menuju Negeri Kincir Angin. Tak kuasa menahan sakit dan derita, segeralah disampaikan suatu amanah pada dua oran...

Resensi Novel "Punakawan Menggugat"

  Resensi ini terdiri dari empat bagian berupa orientasi, tafsiran, evaluasi dan rangkuman. Orientasi Judul                : Punakawan Menggugat Penulis              : Ardian Kresna Penerbit            : DIVA Press Tebal Buku       : 366 halaman Tahun terbit      : 2012 Ulasan ini membahas tentang hakikat seorang pemimpin yang dituangkan ke dalam kisah para tokoh Pandhawa dan Kurawa. Para pemimpin terlena pada kemegahan dunia sehingga melalaikan tugas terhadap rakyatnya. Empat punakawan/abdi (Semar, Gareng, Petruk, Bagong) turut mewarnai setiap tindakan para tokoh dan tiga dari mereka menginginkan kedudukan. Disertai kisah cinta yang mengharukan, terbalut rapi dalam novel berjudul “Punakawan Menggugat”.  Tafsiran  ...

Rangkuman Novel "Relung-relung Gelap Hati Sisi"

Sekilas, dapat ditarik bahwa dari judul yang dihadirkan akan ditemui karakter berbeda dalam diri seseorang. Setiap orang memiliki rahasia di balik karakter yang terlihat. Salah satu ketertarikan saya memilih novel tersebut sebagai bacaan karena tidak sengaja menonton televisi dengan tayangan sosok inspiratif yang berprofesi sebagai dokter, tetapi memiliki segudang karya kepenulisan cerita fiksi, yaitu novel. Beliau adalah Mira W. Novel berjudul Relung-relung Gelap Hati Sisi yang saya baca ini diterbitkan pada tahun 2009 dengan 275 halaman yang saya beli di Pasar Buku Wilis, Malang pada bulan-bulan akhir di tahun 2015. Saya menemukan buku catatan saya yang berisi rangkaian ringkasan buku dan rasanya sayang jika tidak diabadikan di blog saya. Setiap karangan memiliki nyawa, menimbulkan emosi, rasa penasaran beserta jawabannya. Inilah sekilas rangkuman novel karya Mira W. dengan judul Relung-relung Gelap Hati Sisi.             Seorang ...